Artikel Guru :  W E W A T A K A N I N G   T E M B A N G
(Dening : Supar Supriyatmo, S.S.)

Tembang ing kene (miturut Bausastra Jawa)  kang dikarepake yaiku :
Iketan karangan awewaton guru-lagu sarta guru-wilangan apadene kanthi lelagon
Tembang mono ana telu yaiku :

  1. Tembang Dagelan utawa Tengahan
    Yaiku tembang mawa guru-lagu sarta guru-wilangan kanggo ing layang-layang sing rada kuna, sing kalumrah kanggo ing jaman saiki mung juru-demung, duduk-wuluh, girisa, blabag (balabak).
  2. Tembang Gedhe utawa Kawi
    Yaiku tembang pangikete wewaton guru wilangan utawa sing ngembak cara Sansekerta.
  3. Tembang Macapat utawa tembang cilik
    Yaiku tembang pangikete awewaton guru-lagu lan guru wilangan sing kalumrah kanggo ing laying-layang jaman saiki.

W e w a t a k a n i n g   T e m b a n g :

  1. Kinanthi
    Seneng, asih, tresna.
    Mathuk kanggo medharake piwulang, carita kang ngemu surasa asih-tresna lan asmara, gandrung-gandrung.
  1. Pucung
    Kendho, tanpa greget-saut.
    Mathuke kanggo ing carita kang sajak mung ing sakapenake, tanpa kamempengan.
  1. Asmaradana
    Sengsem, sedhih, prihatin.
    Nanging sedhih utawa prihatin kang marga ketaman ing lara asmara.
    Mathuke kanggo ing carita kang isi surasa nawung asmara.
  1. Mijil
    Wedharing rasa
    Mathuke kanggo ing carita kang isi pitutur, nanging uga kena tumrap ing carita gandrungan.
  1. Maskumambang
    Nalangsa karanta-ranta
    Mathuke kanggo medharake rasa-pangrasa kang negrees, nggreges, nalangsa karanta-ranta.
  1. Pangkur
    Sereng
    Kanggo ing carita kang ngemu surasa sereng, sajak gregeten.
    Yen pitutur, ya pitutur sing sereng semu srengen
    Yen gandrung, ya gandrung sing sereng, gandrung-gandrung kapirangu.
    Lumrah uga kanggo ing carita perang.
  1. Sinom
    Gapyak, renyah, cocog karo jenenge.
    Mathuk kanggo sesorah, carita kang isi pitutur.
  1. Dhandhanggula
    Luwes, resep.
    Tumrap carita kang ngemusurasa kang kepriye bae bisa mathuk, pancen luwesan.
    Kanggo ing bebuka prayoga, kanggo medharake piwulang ya kena, kanggo carita kang isi gandrung-gandrungan uga kena, kanggo panutuping karangan ya lumrah.
  1. Durma
    Galak, muntab
    Mathuk kanggo medharake rasaning ati nepsu, ati kedereng sereng, utawa kanggo ing carita perang.
  1. Gambuh
    Rumaket, kulina, wanuh-wani.
    Mathuk kanggo medharake pitutur kang rada sereng marga wis keduga, lan lumrahe nganggo basa ngoko, ya basane wong kang wis kulina raket sesrawungane.
  1. Megatruh
    Sedhih-kingkin kaworan nglokro (putus asa)
    Kanggo medharake rasa gegetun pungun-pungun, nlangsa keranta-ranta.
  1. Balabak
    Sembrana parikena
    Mathuk kanggo ing carita kang sajak mung sakepenake, wedharing gunem kang clewa-clewo.
  1. Jurudemung
    Prenes, nenes-kenes.
    Mathuk kanggo carita kang isi peprenesan.
  1. Girisa
    Wanti-wanti
    Mathuk kanggo medharake pitutur kang ngemu surasa wanti-wanti marang kang dipituturi.

 

GURU WILANGAN LAN GURU LAG

Guru wilangan : Yaiku wewaton cacahing wanda utawa kecap ing siji-sijine gatra tembang. (Gatra :  peranganing ukara sing wis madeg).

Guru lagu :  Yaiku paugeran dhong-dhinging swara ing wekasaning gatra-gatrane tembang.

No Arane Tembang Cacahe gatra Guru wilangan lan guru lagu
1 Kinanthi 6 8a, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
2 Pucung 4 12u, 6a, 8i, 12a
3 Asmaradana 7 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
4 Mijil 6 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
5 Maskumambang 4 12i, 6a, 8i, 8i, 8a
6 Pangkur 7 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
7 Sinom 9 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
8 Dhandhanggula 10 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
9 Durma 7 12a, 7i, 6a 7a, 8i, 5a 7i
10 Gambuh 5 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
11 Megatruh 5 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
12 Balabak 6 12a, 3e, 12a, 3e, 12a, 3e
13 Jurudemung 7 8a,8i,8a,8i,8a,8i
14 Girisa 8 8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8a

Sekar gambuh

 

Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon

Ana pocapanipun
Adiguna adigang adigung
Pan adigang kidang adigung pan esthi
Adiguna ula iku
Telu pisan mati sampyoh

Si kidang ambegipun
Ngandelaken kebat lumpatipun
Pan si gajah ngandelaken genga inggil
Si ula ngandelaken iku
Mandine kalamun nyakot

Sekar pangkur

Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ta ing tata karma
Den kaesthi siyang ratri

Jam pitu tekan sekolah
Kaya ngene rasane wong dadi murid
Wira-wiri saben esuk saben esuk
Nguapaya kapinteran
During leren lamun during bias lulus
Lulus minangka pratandha
Kanggo sanguning ngaurip

Mingkar mingkaring ukara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah jawa
Agama ageing aji

Jinejer ing wedhatama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi
Mangka nadya tuwa pikun
Yen tan mekani rasa
Yekti sepi lir sepa asepah samun
Samangsane pasamuwan
Gonyak-ganyuk nglelingsemi

Sekar mijil

Dedalane guna lawan sekti
Kudu andhap asor
Wani ngalah luhur wekasane
Tumungkula yen dipun dukani
Bapang den simpang
Ana catur mungkur

Poma kaki padha dipun eling
Mring pitutur ingong
Sira uga, satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarangipun

Sekar Kinanthi

Padha gulangen ing kalbu
Ing sasmita amrih lantip
Aja pijer mangan nendra
Kaprawiran den kaesthi
Pesunen sarira nira
Cegahen dhahar lan guling

Sekar asmaradana

 Gegarane wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Among ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Yen gampang luwih gampang
Yen angel angel kalangkung
Tan kena tinumbas arta

Sekar dhandhanggula

 

Yogyanira kang para prajurit
Lamun bisa sami anulada
Kadya nguni caritane
Andelira sang prabu
Sasrabahu ing maespati
Aran patih suwanda
Lelabuhanipun
Kang ginelung tripakara
Guna kaya purune kang den antepi
Nuhoni trah utama

Sekar megatruh

Sigra milir kang gethek sinangga bajul
Kawandasa kang njageni
Ing ngarsa miwah ing pungkur
Ing kanan miwah ing kering
Sang gethek lampahnya alon